Puji Suci Marang Gusti,Kawulo Tansah Ngabekti...

Minggu, 25 September 2011

WIRID HIDAYAT JATI

Wirid Hidayat Jati, karya (R Ngabehi Ronggowarsito)
Wejangan ke-1 Ananing Dat
Sajatine ora ana apa-apa awit duk maksih awang-
uwung durung ana sawiji-wiji, kang ana dhingin
Ingsun, sajatine kang maha suci anglimputi ing
sipatIngsun, anartani ing asmanIngsun, amratandhani
ing apngalIngsun.
Wejangan ke-2 Wahananing Dat
sajatine Ingsun dat kang amurba amisesa kang
kawasa anitahake sawiji-wiji, dadi sanalika,
sampurna saka kodrat Ingsun, ing kono wus kanyatan
pratandhaning apngalIngsun kang minangka
bebukaning iradatIngsun, kang dhingin Ingsun
anitahake kayu aran sajaratulyakin tumuwuh ing
sajroning alam ngadammakdum ajali abadi. Nuli
cahya aran nur muhammad, nuli kaca aran
mirhatulkayai, nuli nyawa aran roh ilapi, nuli damar
aran kandil, nuli sesotya aran darah, nuli dhindhing
jalal aran kijab. Iku kang minangka warananing
kalaratIngsun.
Wejangan ke-3 Kahananing Dat
Sajatine manungsa iku rahsanIngsun lan Ingsun iku
rahsaning manungsa, karana Ingsun anitahake adam
asal saka anasir patang prakara, bumi, geni, angin,
banyu. Iku kang dadi kawujudaning sipat Ingsun, ing
kono Ingsun panjingi mudah limang prakara, nur,
rahsa, roh, napsu, budi. Iya iku minangka warananing
wajah Ingsun kang maha suci.
Wejangan ke-4 Pambukaning tata malige ing dalem
betalmakmur
sajatine Ingsun anata malige ana sajroning
betalmakmur, iku omah enggoning parameyanIngsun,
jumeneng ana sirahing Adam. Kang ana sajroning
sirah iku dimak, yaiku utek, kang ana antaraning utek
iku manik, sajroning manik iku budi, sajroning budi iku
napsu, sajroning napsu iku suksma, sajroning suksma
iku rahsa, sajroning rahsa iku Ingsun, ora ana
Pangeran anging Ingsn, dat kang nglimputi ing kaanan
jati.
Wejangan ke-5 Pambuka tata malige ing dalem
betalmukarram
sajatine Ingsun anata malige sajroning
betalmukarram, iku omah enggoning
lalaranganIngsun, jumeneng ana ing dhadhaningg
adam. Kang ana sajroning dhadha iku ati, kang ana
antaraning ati iku jantung, sajroning jantung iku budi,
sajroning budi iku jinem , yaiku angen-angen,
sajroning angen-angen iku suksma, sajroning suksma
iku rahsa, sajroning rahsa iku Ingsun. Ora ana
pangeran anging Ingsun dat kang anglimputi ing
kaanan jati
Wejangan ke-6 Pambuka tata malige ing dalem
betalmukadas
sajatine Ingsun anata malige ana sajroning
betalmukadas, iku omah enggoning pasucenIngsun,
jumeneng ana ing kontholing adam. Kang ana
sajroning konthol iku prinsilan, kang ana ing
antaraning pringsilan ikku nutpah, yaiku mani,
sajroning mani iku madi, sajroning madi iku wadi,
sajroning wadi iku manikem, sajroning manikem iku
rahsa, sajroning rahsa iku Ingsun. Ora ana pangeran
anging Ingsun dat kang anglimputi ing kaanan jati,
jumeneng sajroning nukat gaib, tumurun dadi johar
awal, ing kono wahananing alam akadiyat, wahdat,
wakidiyat, alam arwah, alam misal, alam ajsam, alam
insan kamil, dadining manungsa sampurna yaiku
sajatining sipatIngsun. Nasehat ke-6 Pembuka tahta
dalam baitulmuqaddas Wejangan ke-7 Panetep
santosaning iman
Ingsun anekseni satuhune ora ana Pangeran anging
Ingsun lan anekseni Ingsun satuhune muhammad iku
utusan Ingsun
Wejangan ke-8 Sasahidan Ingsun
anekseni ing DatIngsun dhewe, satuhune ora ana
Pangeran anging Ingsun, lan anekseni Ingsun
satuhune muhammad iku utusanIngsun. Iya sejatine
kan aran Allah iku badanIngsun, rasul iku
rahsaNingsun, muhammad iku cahayaNingsun. Iya
Ingsun kang urip tan kena ing pati, iya Ingsun kang
eling tan kena ing lali, iya Ingsun kang langgeng ora
kena owah gingsir ing kaanan jati, iya Ingsun kang
waskitha, ora kasamaran ing sawiji-wiji. Iya Ingsun
kang amurba amisesa, kang kawasa wicaksana ora
kekurangan ing pakerthi, byar sampurna padhang
terawangan, ora karasa apa-apa, ora ana katon apa-
apa, amung Ingsun kang anglimputi ing alam kabeh
kalawan kodratIngsun
R Ngabehi Ronggowarsito
.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar